Secangkir Kopi Cak Mus – 13.06.26
–
Baca juga: Leni Marlina dan Diplomasi Puisi: Merawat Perdamaian, Kemanusiaan, dan Literasi Melalui L-Beaumanity
mongso ketigo nandur timun semongko
blewah waluh gubuk damen nunggu tuwuh
ing tegalan silir bayu marem ati
ora nggayuh karep duwur tibo tangi
suoro jangkrik wayah wengi tetabuhan
ngiring turu kloso pandan kayu bantalan
tengah wengi tangi nyawang lintang
abyor mesem asrep njero ati kauripan
Baca juga: MALEM MINGGU
yen panen tonggo podo keduman
rujak timun rasane enak tenan
kolak waluh gulo jowo moto padang
ora reget ati sesrawungan
tansah rukun guyup gegojekan
mireng ludruk radio kartolo basman
crito iki kolo semono kapangku
saiki tentrem kahanan wis ilang
mongso ketigo podo nandur rekoso
anak bojo soyo butuh bondo kaluwihan
panguoso durung iso wong cilik rejo
nanging aku kudu biso nompo ruwet jaman
nunggu woh semongko iso sabar
mongko kabeh umek donyo pacoban
gubuk damen ngadem panas srengenge
gubuk damen anget bediding dalu
ojo diobong mundak urip Gusti bendu
Lamongan, 11-7-2026
—
MUSIM KEMARAU
Musim kemarau nanem timun, semangka
blewah, waluh, nunggu gubuk jerami pada tumbuh
di ladang angin sepoi-sepoi, hati jadi tentram
nggak muluk-muluk cita-citane, jatuh ya bangkit maneh
Suara jangkrik malam hari jadi musik pengiring
tidur nganggo kloso pandan, bantal kayu
tengah wengi melek nyawang lintang
mesem dewe, adem atine ngadepi urip
Nek pas panen, tonggo podo oleh bagian
rujak timun rasane penak banget
kolak waluh gula jawa marakke seger
atiné resik, ora regetan
tansah rukun, guyup, guyon bareng
krungu ludruk radio Kartolo Basman
Crito iki biyen tak rangkul kenceng
saiki tentrem kui wes ilang
mongso ketigo saiki podo nanem susah
anak bojo tambah butuh duit akeh
penguasa durung iso gawe wong cilik sejahtera
Tapi aku kudu iso nrimo ruwete jaman
nunggu woh semongko kudu sabar
mergo kabeh iki mung coboan donyo
gubuk jerami adem pas panas
gubuk jerami anget pas adem wengi
ojo diobong, mengko Gusti duka
Lamongan, 11-7-2026
—
Sing beda karo versi pertama:
1. nyawang lintang ganti nyawang rembulan → luwih luas, luwih sepi
2. abyor mesem asrep njero ati → iki indah banget. Senyum dewe nanging ati adem
3. Versi iki luwih nandakke “kebersamaan” pas panen & ludruk
4. Penutupe tetep: nrimo + sabar + ojo ngrusak





